Senin, 06 Juli 2009

Kangen cangkemmu

Aku muangkel pol, yo’opo nggak?, maeng pilihan formatur kader HMI aku kepilih sekertaris siji. Tapi saksaje ngono dudu iku sing nggarakno aku mangkel. Perkorone sing nggawe aku mangkel iku sing dadi ketuane yoiku Adi. Arek kakak kelasku sing siji iku pancen nggregetno atiku. Deweke sing senenengane ngomel ngomel nggudohi aku meh bendino, opo maneh yen aku gak ono konco, lan deweke akeh bolone.
Sing aku heran, opo sebape Adi iku dadi ketua. Padahal areke sing senengane nggudoi cewek cewek, senengane ngerumpi gemuleng omongane sing gak jelas. Opo maneh yan aku sing keno sasaran, tepak aku liwat ngarepe deweke. Aduh rasane kuping iki akeh kopok’e, padahal wis sering tak resiki. Opo gak ono sing liyane, koyo alek sing wis terbukti prestasine, terus Jay sing sugih yo aktif lan dandane feminim terus, ganteng pisan.
Mung prasaku Adi iku bocah sing iso gampang serawung karo sopoae. Gak tau yen ketemu wong liyo deweke kedisikan nyopo, sing mesti sak durunge disopo Adi wis nyopo disik. Malah sing durung kenal, Adi wis wani nyapani. Mungkin yo iku sing dadi sebape deweke akeh balane sing dadi pendukunge.
Sak joke ajaran baru wulan wingi,pertamane aku ketemu lan kenal karo Adi alias arek blunat iku. Aku sek awal awale dadi mahasiswa anyar ning kampus iki. Terus terang, aku pancen wong ndeso sing gak tahu weruh kota, opo maneh kampus sing tak icaki saiki. Wakti iku aku bingung nggoleki ruang kuliahku kelas sastra. Wis mumet mumet aku nggoleki ning pancet gak ketemu, opo maneh waktu iku aku wis terlambat melebu. Dadi gak ono sing tak takoni. Masio takon, paling paling aku yo gak wani. Moso arek wedok ayu, manis, seksy, molek koyo aku iki ketok katroke. Yo, moh lah.
Untung wae aku makromahan, dadi masio aku gobyos kringet gak kiro ketok mripat. Aku leren ngedem sikilku sing wis mlocot. Ono arek lanang sing ning jaba ruang kelas, langsung wae tak buang roso isinku, kate takon ruang kuliahku mumpung gak ono sing ndelok. Jan nekat sing tak peksa peksakno aku takon iki.
“Maaf mas, saya mau tanya. Kelas sastra yang baru mana ya?”. Pitakonku karo ndredek. Jan ketara ndesit.
Wong kota iku pancen aneh, wong ditakoni leren ndeloki mulai pucuk ndasku sampe pucuk sepatuku.
“Oo, kalau gitu kamu adik kelasku, namamu siapa?
Jawape Adi, sing sok wong kota iku, mulai weruh yen aku arek ndeso, durung njawab kon malah takon. Alah Yo, babah gak ngurus, aku moh njawab” Ya, tempatnya mana mas?”. Takonku maneh.
“Ya, jawab dulu dong, Siapa namanya! Tar tak kasih tahu”.
“Siti, sekarang mana tempatnya? Jawabku mulai nggawe lagu jenkel gak tak delok rupane.
“wah kamu pasti, dari solo ya, kok bahasanya medok dan namanya Siti, lagi”.
Gak kathek ngomong maneh, aku nyengkre teko arek iku. Opo arek sing kuliah nang kene iki iso dadi gendeng ngono, yo. Mugo mugo aku gak ketularan arek arek kene.
Sak melakuku, arek mau ngomong karo mbengoki aku. “Namaku Adi. Lan deweke yo mbengok. “tempatnya dilantai dua nomer 8 dari timur.
Alah, gak penting jenengmu, sing penting aku weruh panggonku kuliah.
Lek iling iku aku kudu ngguyu, saking ndesone aku.

Sakben patemonku, Adi malah sering nggawe mangkele atiku. Gak tahu arek iku nek lagi ndelok aku terus lambene meneng, sing mesti alok alok aku.
Awan mau, mboh opo karepe, waktu deweke kepilih dadi ketua kader HMI. Pilihan sing bentuke badan formatur sing marai deweke bebas nunjuk sopoae sing dadi asistene, yoiku bendahara karo sekertaris. jenengku ndadak disebut ditujuk dadi sekertaris siji. Padahal aku iki lak arek anyar, sing durung ngerti organisasi. Sing dadi alasanku.
“Alah, itu sih alasan purbakala, nantikan lama lama ngerti juga”. Omngane nyemplah iku nolak alasanku.
Yo, yoopo maneh, aku mung iso meneng nerimo iki kabeh. Opo maneh kabeh pada ndukung aku. Ah Dunia ini lebih fiktif dari cerita fiksi.
Kabeh podo ngucap selamat kanggo Adi. Malah dadi kopok kupingku dadi jenang. Luwih enak aku saiki ngluyur ben iso ngilangi pikiranku saiki.

Mulai dino dino iki, opo sing dadi tanggung jawabku dadi usaha sing ojo sampe bubrah, utamane kuliahku. Aku mesti terus terang karo Adi, yen aku ono tugas kuliah kudu tak pending sementara penggawean sekertarisku sing dadi amanahku, ketimbang aku dadi lilin. Sing iso nerangi wong liyo tapi aku ngobong awaku dewe. Lan Adi iso ngerti alasanku iku.
Ono sing aneh karo Adi. Adi ndadak berubah 100%. Sing biasane nggudo aku, ngomel ngomel lan alok alok. Saiki wis gak tau ngandalno sikap ndablegke nggawe aku mangkel. Tapi rasane kok ono sing ilang teko awakku iki. Mbuh keno opo aku kok maleh kangen karo ceplas ceplose sing SKSD (sok kenal sok dekat). Kok yo opo sebape tugas kulaihku sing nggawe puisi, mesti oleh gagasan teko Adi. Lagi lagi ono sing kuwalek sing ning njero batok ndasku iki. Biyen aku mangkel lek deweke nggudoi aku, saiki aku malah luwih jengkel yen Adi dadi aktor bisu ning ngarepku.
Gak jarang mulai saiki, sakben aku mulih teko kuliah, aku luwih disik nyopo Adi. Bisane yen tak sopo, balesani mek mesem kecut. Malah nggawe aku penasaran ketiban pulung. Sak jane yo uuuisin, moso aku cewek nyopo disik wong lanang.
“Sit, awakmu dicelu Adi”. Salah siji konco akrabku nyampekno pesene Adi. “Oo, iyo matus suwon”. Jawabku. Lapo Adi kok nggoleli aku, biasane areke langsung nang kelasku marani aku, tapi saiki kok kakea polah, dadak ngongkon uwong. Ono opo yo, atiku penasaran.
Sikilku langsung tak tujokno nang bascamp HMI sing biasane digawe pertemuan HMI. Teko adoh tak delok Adi lagi lungguh dewe ora ono sing ngancani. Langsung wae Adi tak cedaki. “Awakmu nggoleki aku?”. Adi koyo sibuk mbuh nulis opo gak semaur, semaure mung. Yo, langsung nerusno tulisane. Dasar arek gak genah, wong ditakoni kok yo cuek bebek. njero atiku.
“Ono opo Di?”, takonku maneh.
“Yo, sk entenono diluk!”.
Ooo, pancen arek gak due udel, mbok yo ngongkon lungguh kek, lapo kek. Langsungae, “Ono oposih Di?”. Karo langsung tak dele bokongku nang sebelahe, babahno karo aku sok pingin weruh opo sing ditulis.
Walah kok yo aku kudu ngguyu, bokonge Adi langsung mblingsat mecethat ngedohi aku.siddane aku malah mrongkol atiku.
Adi ngelungno tumpukan kertas sak mberg nang ngarepku. “Iki Sit, tulung nggaweo data sing dadi proyeke awak dewe kanggo minggu ngarep, engko sore jupuk”.
“Ha, karepmu iki apo, moso gawean sak mene kehe engko sore mbok jupuk. Gak dowo jangkahe, Adi langsung njawab karo gak ndelok raiku. “Yo, iku tugasmu”.
“Wis, lek durung mari ojo salahno aku. Cangkemme sing macak bisu iku nggawe aku langsung ngaleh gak ngomong opo opo.
Sak tekanku nang koskosanku, aku langsung turu, sengaja garapan teko Adi gak tak garap, saking mangkelku karo wong sing tak kangenni crewete iku wis dadi wong bisu. Wis embuh opo dadine engko sore yen Adi teko jupuk penggawean iki.
Pas jam papat sore, aku lagi enak enake turu, kacaku sinta nggedor nggedor kamarku. “Sit, awakmu digoleki karo kancamu”. Waduh, yoopo iki aku sik kepet, durung adus, durung opo opo lakok arek iki wis teko nang kosku. La terus aku engko ngomong opo karo Adi, gak siji sijio sing tak garap gawean sing dikekno karo aku awan mau.
Moto kriyep kriyep, aku nemoni Adi. Jare wong akeh, lek arek wedok ayu yo tetepae ayu. PD aja lagi. Awakmu wis teko Di?, pitakonku sing basa basi. “Sepurane Di, gawean mau awan durung ono sing tak garap, aku dino iki mau awakku kesel kabeh”.
“Oo, iyo gak opo opo kok”. Balesse Adi langsung menengae.
Tak deloki Adi kok yo gak biasane, biasane lek marani aku paling deweke sek sarungan ambek kaosan. Tapi saiki kok yo necismen, rambute klemis, ambune wangi. Terus biasane lek ono gaweanku sing kother, biasane Adi malah ngomel ngomel, adi pancen wonge disiplin, penggawean opoae gak oleh telat opomaneh gak digarap. “la, terus yoopo iki, opo menne awakmu rene maneh kanggo njupuk gawean iki?”.
“Gak usah sit, penggawean iku perlune seminggu maneh kok”.
“Lo, opo awakmu gak bosen ngerjai kau?”, swaraku rodo kenceng nakoni Adi sak kan mangkelku.
“Nggak Sit, aku gak ono maksud ngerjai awakmu kok, tapi aku yo sengojo rene mau arep ono sing tak omongno”.
Bocah iki, ngomong karo salah tingkah, ono oposih, emang omongan sing opo maneh sakliane organisasi kanggo aku. Sak ben ngomong mripate Adi yo ndelok duwur, yo ndelok nisor, kadang ndelok aku tapi langsung mengo kanan kiri koyo tukang parkir.
“Awakmu iki sakjane kate ngomong opo sih, kok yo njanur gunung ono perlu karo aku, kate utang duit ta? Aku gak due duit saiki, makku durung ngirimi aku duit”. Guyonku marang Adi, jarang jarang aku iso nggudo Adi.
“Nggak sit Aku temennan iki”. Jawape Adi maneh, ora ngguyu ora mesem yo ora sedih expresi raine. Tapi aku malih penasaran ono opo yo sakjane, Adi gak tau koyo ngene seriuse.
“Ono opo sih Di?, opo ono masalah karo awakmu?”.
“O, Nggak Sit. Aku mung njaluk sepuro, biyen aku sering nggudo awakmu, alok alok awakmu, aku saiki nyesel Sit”.
Mripate Adi jan koyo elang kate nyamber kacang garuda, swarane koyo ulo nogo nyembur raden Ramayana. Mbuh ono opo iki sing nang njero atiku ndadak glodakan koyo ngene.
Sore iku suasanane dadi tegang koyo filem india. Kringet adem kroso mili teko awakku, mungkin Adi yo ngrasakno koyo aku. “Oo, dadi iku ta sing kate mbok omongno, gak kok Di, awakmu gak salah…..?, Adi lang langsung ngethok omonganku. ‘Dudu iku, perkarane Sit”.
“La, terus opo?”
“Aku wis ngeroso salah gedhe karo awakmu, mergo aku biyen seneng nggawe atimu loro teko omonganku, tapi sak wiwit aku dadi ketua iki, aku mulai due roso seneng karo awakmu, ttttttapi, Ojo, ojo ojo dilebokne ati, yo! omoganku iki, aku mung njaluk sepuro aku wis wani nyimpen awakmu nig atiku. Mangkane iku aku dino dino iki akeh meneng ketimbang ngomong sing marai awakmu loro ati maneh yo.
Aku koyo ketiban gunung langsung bumine mlethek, nangin ono awan mego sing nggowo udan dadi kendaraanku tinuju langit sing wis tak angen angen nganti sprene. Rasane atiku ajur tapi adem, adem tapi rodo anget. Kabeh campur dadi siji gemuleng nang jero atiku.
“Oo, gak kok Di, kabeh pikiranmu iku gak bener, opo sing kon pikir iku yo tak pikir, malah malah aku yo kepikiran, gak nyongko atiku sing kerep mangkel iki mergo alok alokmu malah dadi kangen karo ndablegmu”.


nasruddin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar